Ana mangsane uwong wis ora nyawang meneh sapa awakmu lan apa duwekmu,Nanging eling apa tumindakmu lan kepiye lakumu
Sapa
wonge ora kepengin diajeni lan diregani.Jaman saiki wis padha kleru
anggone duwe ukuran kanggo mulyaake manungsa,ngajeni uga ngregani.Akeh
uwong padha nyawang lan nganggep mulyane manungsa iku saka sepira akehe
bandha sing diduweni uga sepira dhuwure pangkat sing disandhang.
Pancen
ana wayahe wong liya iku ngregani awake dhewe merga apa sing awake
dhewe duweni lan disandhang.Uwong padha lali yen apa sing disawang mau
ora awet anane.Yen mung iku mau sing dadi ukurane,kudu siap wae umpamane
awake dhewe ora duwe rega lan ora aji yen wis ora duwe daya lan
bandha.Ora sak lawase bandha bisa disandhing lan pangkat bisa
disandhang.
Ukuran sing mengkono iku mau ora dadi jaminan
yen wayahe bali marang Pengeran bisa dadi bab sing nulungi uga
nylametake.Yen awake dhewe wis ora ana,Jenenge dhewe mung dadi
crita.Critane anak putu,tangga uga uwong2 sing kenal lan tau urip bareng
biyene.Wayah iku,bandhane dhewe biyen sing tau dadi ukurane aji,Lan
pangkat sing tau dadi ukurane kuwasa wis ora bakal dianggep maneh
anane.Wayah iku,sing diomongke ora liya mung kepiye awake dhewe duwe
laku lan tumindak marang wong liya.
Yen awake dhewe duwe
crita sing apik,muga-muga bisa dadi conto kanggo wong liya sing kabeh
iku bisa dadi sangu kanggo sowan Gusti Kang Maha Kuwasa lan dadi amal
sing bisa nulungi nalikane dina pepetungan wis teka.Uga dadi banggane
kulawarga lan anak putu sing ditinggalna.Yen awake dhewe duwe crita sing
ala,Sak anane uwong sing tau kesenggol,mesti eling apa wae tumindake
dhewe sing ala mau.bisa dadi wangine ora dianggep,ambune sing ora enak
dadi olok2an.
Mugi Gusti Pengeran tansah paring
pangapunten dhumateng kita sedaya lan sedaya ati ingkang ketutup saget
kebikak nampi napa mawon pituduh ingkang ndamel padhange gesang kita
sedaya.
Maturnuwun


Tidak ada komentar:
Posting Komentar