Breaking

LightBlog

Sabtu, 01 Juli 2017

SERAT KODRAT

SERAT KODRAT


Wis nyata, " ZAMAN EDAN ". Wadone pamer aurat, Lanange ngumbar syahwat,Sing laris jamu kuwat.

Wong Gedhe seneng Maksiat, Wong Cilik padha Nekat. Wondene padha ora Tobat lan Wegah Tirakat, malah nganakake Maksiat.

Sing duwe Agama padha Murtad. Rina lan wengi krungu sesambat, akeh wong mlarat ora kuat ngingoni brayat, kanca mburi ora kerumat, sing ora kuat terus kendhat, Pejabate padha KHIANAT lan Morale padha BEJAT.

Mangsa ketiga kaline asat, yen rendheng ngebaki jagad, Lindu keliwat liwat, Samudra munggah darat.

Manungsa bakal slamet tekan Kiamat yen JAGADE dirumat lan di ruwat. Mula ayo padha ELING lan WASPADHA enggal madhep mantheb manembah marang ngarsane GUSTI KANG AKARYA JAGAD.

Yen makarya ya sing Amanat, Niat lan Giat amrih bisa andum Zakat, Aja amung NYADONG BERKAT.

Dhedhaharan sing khasiat, amrih tansah Sehat Walafiat, Aja amung sadermo ngumbar ILAT (sapa sing bisa njaga ilate bakale slamet).

 Matursuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Adbox