Breaking

LightBlog

Sabtu, 01 Juli 2017

aji godhong jati aking

Yen ora ngati-ati anggone nata pakarti, manungsa mung bakal asor tanpa ana sing kober nyawang, tanpa ana sing lila ngajeni. Drajate manggon sangisore klarahan godhong jati garing.
 

Tenan, bener welinge wongtuwa biyen. Mung jalaran tembung sakecap, laku sapecak, yen nerak ugeran, aku lan Panjenengan bakal dicenges wong sajagad sing bebarengan mbengok: "aji godhong jati aking". Mentas dialoki ngono kuwi, aku lan Panjenengan ora luwih kajen tinimbang godhong jati garing. 

Banjur dianggep manungsa sing ora bakal migunani. Banjur dianggep manungsa sing mung bakal nyilakani.

Mula ayo bareng ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Adbox